Kamis, 13 Maret 2014

contoh pidato bahasa jawa



DZIKRUL MAUT(ELING MATI)
السّلام عليكم ورحمة الله و بركاته
الحَمْدُ لِلّهِ الْكَرِيْمِ التَّوَّابِ . غَافِرِ الذَّنْبِ لِمَنْ رَجَعَ اِلَيْهِ وَاَنَابَ . الْعَزِيْزِ الَّذِي تَوَعَّدَ مَنْ كَذَّبَ رُسُلَهُ بِأَشَدِّ الْعَذَابِ . وَأَنْزَلَ بَأْسَهُ بِمَنْ أَعْرَضَ عَنِ السُّنَّةِ وَالْكِتَابِ . نَحْمَدُهُ حَمْدَ عَبْدٍ يَرْجُوْ مِنْ رَبِّهِ جَزِيْلَ الثَّوَابِ وَيَخْشَى أَلِيْمَ الْعِقَابِ . وَيَسْأَلُهُ التَّوْفِيْقَ لِلصَّوَابِ . وَاَنْ يَمُنَّ عَلَيْهِ بِالْمَتَابِ قَبْلَ سُوْءِ الْحِسَابِ . أَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ إِلاَّ الله وَحْدَه لاَشَرِيْكَ لَه . خَالِقُ اْلأَرْضِ وَالسَّمَوَاتِ وَالكَائِنَات . وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُنَزَّلَ عَلَيْهِ الْقُرْآن هُدًى وَبَيِّنَات . صَلَّى الله عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِيَدِهِ وَاسْتَنَّ بِسُنَّتِهِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن . أَمَّا بعد
Ingkang kaulo hormati Ibu Maftukhah lan sedaya para rawuh ingkang dimulyaaken dening Allah SWT
Kaping sepindhah mangga kita raosaken puji syukur dateng ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi kenikmatan, kerahmatan, taufik, hidayah saha inayahipun sehingga kita saged makempal wonten majlis ingkang fa insyaallah berkah punika kanthi mbeto iman, islam saha awak sehat wal afiyat.
Kaping kalehipun shalawat sinaringan salam mugi katur kunjuk dateng Baginda Nabi Agung Nabi Muhammad SAW, mugi-mugi kita dipun akui dados umate kanjeng Nabi lan kita angsal syafaatipun   fiddunya wal akhirah.
Monggo kito sami-sami pados keslametan tumrap badan kito piyambak-piyambak, slamet wilujeng ing dunyo tumusing akhirat. Dene marginipun boten wonten malih kejawi kito anetepi iman lan islam serto tako dumateng Alloh swt kanthi tulus ikhlas, namung nyadong rohmat soho ridho Alloh swt inggih Zat ingkang akarya jagad dalah saisinipun pindah meniko.
Tegesipun takwo inggih meniko:
اِمْتِثَالُ اَوَامِرِاللهِ وَاجْتِنَابُ نَوَاهِيْهِ تَعَالَى .
Tegesipun: “Nindaaken sedoyo perintahipun Allah, soho nebihi sedoyo awisanipun.”
Poro hadirin hadirot ingkang minulyo
Kito sedoyo sadar utawi boten, bade ngadepi serto ngalami satunggaling peristiwa anggergirisi, dumuginipun boten semayan ugi boten mawi kulo nuwun. Peristiwa ingkang mesti bade kito alami kasebat, dipun sebat al-maut, artosipun inggih meniko pejah, ateges uncatipun roh saking rogo utawi badan wadak.
Ngadepi al-maut kasebat limrahipun tiyang sami grogi soho alit manah, malah menawi saged bade usaha ngelindung ing salebeting benteng raksasa utawi gedung ingkang kukuh utawi kiat. Ananging mangertoso bilih maut puniko boten bade kuwatos, senahoso menungso ngelindung ing salebetipun benteng baja ingkang kukuh, dipun jagi serdadu ingkang terampil mawi senjata ingkang lengkap super modern, tetep bade dipun papak lan dipun candak dening malaikat Izrail.
Milo saking puniko ngadepi pati sampun ngantos kito anggep sepele lan enteng. Sebab kapundutipun manungso boten sami kalian pejahipun hewan tanpo akal lan sanes-sanesipun.
Kapundutipun manungso tetep dados urusan, ugi alam kuburipun manungso boten sami kalian kuburipun hewan ingkang tanpo akal. Alam kuburipun manungso mengku kaleh macem alternatif, menawi boten arupi taman surgawi, inggih arupi jurang sikso ingkang medeni ugi anggegirisi.

Rasulullah Saw. dawuhaken:
الْقَبْرُ اِمَّا رَوْضَةٌ مِنْ رِيَاضِ الْجَنَّةِ , وَاِمَّا حُفْرَةٌ مِنْ حُفَرِ النَّارِ
 Tegesipun: “Alam kubur iku ono kalane rupo taman setengah saking pertamanan suwargo, ugo ono kalane rupo jurang sikso setengah saking pasiksaning neroko.”
Milo saking puniko, monggo kito sami nambahi welas dateng badanipun piyambak-piyambak, kanthi tekun ibadah. Sagedo kito slamet saking sekso kubur lan pikantuk taman suwargo. Sinten mawon ingkang melebet taman suwargo ing kubur, mongko proses selajengipun ing akhirat sampun radi enteng.
Kejawi saking puniko, tiyang ingkang tansah enget pejah, saumpami gesang ing alam dunyo meniko satunggaling kendaraan ingkang sanget cepet, enget pejah minongko dados remipun. Selajeng tiyang ingkang enget pejah bade ngetingalaken macem-macem sifat pinuji oho utami, ing antawisipun:
1.      Enggal-enggal tobat
2.      Rumahos cekap (puas) dateng menopo ingkang wonten.
3.      Rajin ibadah dumateng Allah swt

Sawangsulipun poro sederek, tiyang ingkang kasupen pejah, inggih bade gampil ngedalaken macem-macem sifat dipun celo, ing antawisipun:
1.      Ngende-ngende tobat
2.      Serakah dateng dunyo
3.      Males serto awerat nindakaken ibadah dumateng Allah swt
Rasulullah saw. paring pepenget mekaten:
عَجِّلُوا بِالصَّلاَةِ قَبْلَ الْفَوْتِ وَ عَجِّلُوا بِالتّوْبَةِ قَبْلَ الْمَوْثِ .
Tegesipun: “Ayo enggal-enggal sholat sadurunge kentekan wektu, ayo enggal-enggal tobat sadurunge tekane pati.”
Akhirul kalam, mugi pidato singkat meniko wonten manfaatipun tumrap kito sedoyo, soho mugi Allah swt tansah paring taufik soho hidayah dateng kito sehinggo kanthi mekaten kito saged pikantuk kawilujengan soho kabejan fiddunya wal akhiroh amiin yaa rabbal ‘almiin.
والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

2 komentar: